NANG-NING-NONG-GUNG
Aku rumongso lan ngrumangsani
dadi wong mung sak dermo ngakoni.
Urip lan iso urip amergo diparingi
arep tumindak koyo opo wae
iku mung rumongsone
kasunyatane aku mung wong
kang akeh kurange
Opo sing tak duweni,
opo sing tak lakoni,
opo sing tak rasakke,
sejatine kabeh aku ora ngerti,
aku mung iso pasrah lan sujud ikhlas
lahir tumekaning batin
Yen aku oleh milih ukoro sing pas kanggo nggambarke lelakoning uripku, yo mung koyo iline banyu sing tak rasakke.Sak dermo nglakoni urip kang wis kagambar soko sing kuwoso